Posts

Showing posts from September, 2019

Nopel Jawa 1

1.1 Wêngi sing samsaya surup ''Hêm.. Hêm hêm. Hêm... Hêm hêm hêm.'' Kaprungu swara wong ngidung swara. Pêtêng aku mengo madhêp cêndhela nanging ora ana sapa-sapa. Pikirku,'' Ah, paling wus padha turu amarga wus wêngi.'' Nyawang awang-awang, aku mikir yen mas ku durung bakal bali. Mbak ipeku kandha,'' Kowe kan isa nyambut gawe saka omah ta? Ora usah mêtu sabên wêngi... Ora kudu golek sing cadhonge akeh pênting isa kumpul barêng sabên wêngi.'' Iya bênêr yen aranku, sabên wêngi mbakku ipe mung nglangut disambi tata-tata kêmbang kanggo pêsênan sesuk. Amarga aku wong lanang aku ora isa nulumgi akeh kajaba ngêdolke kêmbange mau. Awang-awang sabên wêngi ngêlingake aku marang bapak karo ibu. Supaya aku miyata sing bênêr lan dadi wong sing nggênah. Wêngi iku samsaya surup-samsaya surup bañjur aku turu ing sisih cêndhela. ... ''Adim, adim! Tangi le, adhiku... Wus wañcine sêmbahyang. Gek ñjupuk banyu wudu kana ngger...''