Wulan ing Wayah Wêngi 01
Wulan ing Wayah Wêngi - dening Langitsagara (01) Ing kutha Prahà, aku anyawang langiting wêngi. Swara sayup-sayup kaprungu saka kutha kang ora aturu. Aku anyawang endahing wêngi saka cêndhela omahku. Pondhokan kang awujud wangunan lawas iki kadya dadi sêksining laralapaku. Aku lumaku ing têngahing impenku. Anglangi samudraning impen kang dumadi kêmbanging turuku. Kaya apa ta mangkene iki? Mung agawe esêmku nalika aku angêrêmake mripatku ing paturon. Esuk bañjur atêka, swaraning manuk piyik-piyik lumêbu ing sajêroning kupingku. Saiki, aku anulis buku dinanku sambi amikir apa wae kang bakal dakgawe ing dina iki. Aku bañjur alunga amêtu sambi aniliki lowahan panganti. Anganggo tas cangklongku, aku lumaku mênyang pawedangan kasênênganku. Angombe kopi espreso iku wus dadi padinanku. Tanganku amikir apa kang kudu dakcorekake ana ing pratelan kanggo wayah sêlaku. Dumadakan, udan tumetes saka langit lan hendhêpunku umuni. ''Halo?'' sautku. Bañjur, ana swara anyaut, '