Piwica yaiku anggoning ekanara bisa amaca lan anulis sarta umudhêng kang dikarêpake iku ing wayah saiki dumadi barang kang kurang luwih kaanggêp alumrah. Bocah wiwit acilil diwuruki anggone amaca lan anulis dening wongtuwa utawa gurune. Wiwit yogodyana, bocah wis diwuruki apa iku aksara lan swara kang diandhut dening aksara iku mau. Saliyaning iku, tulisan uga dudu barang kang maangel kanggo ditemoni. Saka wungkus panganan nganti pralayang kabeh maana ing pakubênganita. Tulisan ing jaman kuna ora kanggo kabeh wong. Pimaca lan pinulis lumrahe mung kanggo wong-wong mautama utawa awigati wae. Rajawangsa, widyaka, lan pujanara iku wong-wong kang maana gagayutane karo tulisan. Dene, wong alumrah kayata wong tani iku lumrahe ora abutuh barang kaya wacatulis. Saengga, padha ora umudhêng caraning amaca lan anulis. Ing jaman iku, pelingwangun kayata tugu, omah, pasêmbahyangan, pakuburan (piramidah) iku wayah nalika pimaca lan pinulis kaanggo. Pimaca lan pinul...