Pinyêbaring Piwica lan Pilairing Cithakpênêt
Piwica yaiku anggoning ekanara bisa amaca lan anulis sarta umudhêng kang dikarêpake iku ing wayah saiki dumadi barang kang kurang luwih kaanggêp alumrah. Bocah wiwit acilil diwuruki anggone amaca lan anulis dening wongtuwa utawa gurune. Wiwit yogodyana, bocah wis diwuruki apa iku aksara lan swara kang diandhut dening aksara iku mau. Saliyaning iku, tulisan uga dudu barang kang maangel kanggo ditemoni. Saka wungkus panganan nganti pralayang kabeh maana ing pakubênganita.
Tulisan ing jaman kuna ora kanggo kabeh wong. Pimaca lan pinulis lumrahe mung kanggo wong-wong mautama utawa awigati wae. Rajawangsa, widyaka, lan pujanara iku wong-wong kang maana gagayutane karo tulisan. Dene, wong alumrah kayata wong tani iku lumrahe ora abutuh barang kaya wacatulis. Saengga, padha ora umudhêng caraning amaca lan anulis.
Ing jaman iku, pelingwangun kayata tugu, omah, pasêmbahyangan, pakuburan (piramidah) iku wayah nalika pimaca lan pinulis kaanggo. Pimaca lan pinulis iku kanggo barang-barang kang mautama lan alanggêng kaya ing watu.
Ing Cina Kuna, wadita ing balung-balung katulis dening wong-wong kang aduwe pibisa ing golalalad iku. Tulisan kanggo pibutuh agama kanggo umudhêng apa kang abêcik lan maala. Lan wong alumrah durung abutuh barang mangkono saengga kandhawara lan pariomong kanggo braya ing jaman samana iku lumantar lambe.
Ing jaman nalika agama mawangsantara kayata agama Kristên ing Kabauraton Romà maana, piwica wis rada umundhak. Ananging, isih kawatês ing saperangan wong kang bisa amaca lan anulis yaiku watara 10%. Dene, wong-wong alumrah kang dumadi siswaning ajisuci utawa Grija iku lumrahe aduwe piwica awujud swarawica yaiku piwica lumantar swara utawa lambe lan kuping. Wong-wong kang awica saben wayah amacakake ajisuci lan piwuruking Grija marang para siswa lan pangandêl. Dadi, pinyêbaring kandhawara ing braya isih gumantung ing lambe.
Sadurunge, wong mung kawatês ing agawe pralayang kanthi tulis. Dene, anggoning anulis pralayang pirang-pirang lêmbar iku butuh wêktu kang asuwe. Bañjur, nalika Yohannês Guthênbêrg (Johannes Gutenberg) ing taun 1440 M agawe cithakpênêt kang kagataidhêp saka piranti kanggo amênêt anggur dumadi omben-omben. Cithakpênêt bisa anyithak 240 lêmbar dluwang saben pêngkan. Paritêmu iki anggêdheowahi anggone wong bisa agawe lan atuku pralayang. Ing jaman sadurunge nalika pralayang iku pigawene alarang lan asuwe, saiki wêktune dadi acêpêt lan rêgane umurah.
Pimbaliowah Protestan kang kalakon ing taun 1517 M dumadi salah sawiji pinggêdheowah kanggo piwica ing Yuropah lan jagad. Martin Lutêr (Martin Luther) kang satru ing Grija Katulig Romà kapengen ambaliowah saperangan barang kang dianggêp kaleru. Dheweke anggatih pinyêbaring ajisuci ing antaraning pangandêl lan piudhênging braya ing piwuruking Grija Kawitan. Dheweke anyithakwêtu ajisuci yaiku Alkitab ing brayabasa mligine basa Dhöyclandh kang saiki dumadi babakuning Alkitab ing Dhöyclandh kaaranan Alkitab Lutêr. Dheweke uga anulis akeh barang ing brayabasa. Pujakarya yaiku sêmbahyang utamaning wong Kristên uga katindak ing brayabasa lan dudu ing jawatbasaning Grija ing Kulon yaiku basa Latin.
Amarga iku, wong-wong kasusurung supaya bisa amaca ajisuci dhewe lan umudhêng apa kang dikarêpake Hyang Agung lumantar pangandikane. Saka iku, wong-wong dumadi atuku ajisuci kang saiki rêgane wis umurah lan angupaya supaya padha bisa amaca. Apa maneh, basa kang kaango iku basa kang kaucap dening wong-wong alumrah ing saben dinane. Ora aprêlu asinau basa kanthi amligi kayata basa Latin. Amarga iku, piwica samsaya asuwe dumadi umundhak lan piwica ing antaraning bocah-bocah uga kaprabawa dening budaya amaca ajisuci iki.
Nagara, braya, utawa babrayan kang anyusurung wigatining piwica ing barang kang aprasaja kayata piudhêng ing ajisuci kanthi awake dhewe iku andadekake braya bisa adhuwur ing piwicane. Dene, nagara, braya, utawa babrayan kang ora rumangsa yen pimaca iku awigati ora bakal anandurtuwuh ing babagan wiyata utawa pralayang. Ing babrayan kang awica, kandhawara dumadi barang kang maawet lan alanggêng sarta bisa angambah êndi-êndi ing sawayah-wayah. Dene, babrayan kang isih gumantung ing lambe ora bakal bisa maentuk mupangat saakeh iki.
Paripustaka
Comments
Post a Comment