Basa T'hay lan Tatatulise
Basa T'hay yaiku basa saka Praja T'hay kang kajupuk saka basa T'hay Têngah. Basa iki kalebu ing basawarga Tay-Kaday kang mabasalaras. Basa T'hay saliyaning aduwe têtêmbungan saka basa T'hay kawitan uga aduwe têtêmbungan saka têtêmbungan maparikuna saka basa Sangsêkrêta lan Pali.


Basa T'hay, amarga aduwe piowahing pingucap kanthi rada maakeh, têtêmbungan kang maana ing basa T'hay saiki ora apadha anggone katulis lan kaucap. Dene, basa tulis T'hay kang dianggo saiki kabablaske saka basa tulis saka sastrabasa kang katulis apadha kaya basa ing jaman biyen ananging abeda kanthi adoh saka basa T'hay kang kaucap saiki. Utamane ing têtêmbungan saka basa Sangsêkrêta lan Pali.
Saka 2-ng gambar ing dhuwur, kita bisa andêlêng yen apa kang katulis saempêr ไทย (Dayy, T'hayy) bisa kawaca T'hay3 (atêgês wangsa T'hay) lan T'hay3-ya4 (atêgês kang kudu kawenehake).
Maana uga têmbung ไท kang kawaca 2. Yaiku saempêr T'hay3 apadha kaya têmbung ไทย kanthi atêgês wangsa Tai utawa uga piluwar, lan saempêr T'hay4 kanthi atêgês dhasi.
Tuladha liyane saka basa Sangsêkrêta uga maana kayata ing têmbung
Têmbung อักษร bisa kawaca saempêr ag3-so~n13 kanthi atêgês aksara (alumrah) lan saempêr ag2-sò~13-rà4 kang kagunakake ing têmbung อักษรวิจิตร kanthi atêgês susulur.
Kanthi tulisan kang kaya mangkene, anggone wong T'hay arêp anulis saka praeling awujud swara utawa arêp amaca têmbung siji utawa amaca tulisan maakeh iki dumadi maangel yen ora dikandhani utawa diwuruki dening wong liya. Têgês liyane, anulis lan amaca basa T'hay uga dumadi maangel kanggo wong kang arêp asinau basa T'hay saka das.
Barang iki uga wis tau karêmbug ing parêmbugan yen siji-sijine cara kanggo bocah T'hay bisa umudhêng anggone anulis têmbung kang karungokake yaiku kudu lumantar wongtuwane. Amarga, yen arêp agolek saka bausastra dluwang mêsthi uga kaangelan yen ora maana bageyan kang isa anulisake cara ucap kanthi urut ing saarêping têmbung.
Saka kene, awakedhewe bisa asinau yen maana basa lan tatatulis kang adoh antaraning cara tulis lan cara ucap. Lan sajatine, iki ora mung maana ing basa T'hay. Ananging, iki uga ora kalêbu barang kang alumrah bangêt. Dene, basa kang antaraning cara tulis lan cara ucap kang bedane ora adoh bangêt utawa kang aprêsis plêk uga maana.
Basa iku kagawe kanggo pariomong lan kandhawaraning babrayan. Basa ora dianggo kanggo sawijining sabaundha utawa wong wae. Dadi, êndi dalan têngah kang sakirane paling maapik iku kang prayogane kajupuk.
Paripustaka:
Comments
Post a Comment